Rabu, 08 Januari 2014

Tampi Pasrah Panganten Kakung



          Nuwun,
          Winantu ing kawilujengan.
          Sinartan sinukartaning panambrama,
          Ibu miwah Bapak R. Rusna Wijaya dalah putri putra, dalasan Sanggyaning kulawarga punapa dene para rawuh.
          Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Imam, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak R. Rusna Wijaya, amasrahaken panganten kakung, kaparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R.M Suyanto Wiratmaja, kula kadhawuhan tampi pasrah panganten kakung.
          Pramila, kaparenga amratelaken bilih ing samangke wanci 10.00 panganten kakung kula tampi kanthi sae, dadosaken bingahing manah, saha sumangga muji muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.
          Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri, Asih Sulastri dumungkap upacara candhakipun. Kula nyadhong pangaksami bok bilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.

          Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar