Rabu, 08 Januari 2014

Nulis Layang

Perangane layang kang kudu digatekake yaiku:

1.Titi mangsa, arupa tanggal, sasi lan taune ing nalika nulis layang.

2.Adangiyah, yaiku alamat kang dituju, marang sapa layang mau bakal kaaturake.

3.Bebuka,yaiku  isine menehi kabar keslametan lan pangajab amrih kang dikirim uga slamet.
 
4.Isine layang kang perlu dicritakake.

5.Panutup, yaiku nandhakake yen layang mau wis rampung.

6.Peprenah, yaiku kowe kaprenah apa tumrap sing kokkirimi layang. Tuladhane: ingkang putra, putra tuhu, saking ingkang putra.

7.Tandha tangan utawa tapak asma.

8.Jeneng katulis ing sangisoring tandha tangan.

1 komentar: