1.Jempol utawa ibu jari. Dadi wanita kudu duwe sipat
kaya jempol, yaiku tansah hormat, sopan, lan tansah muji kakunge minangka
kepala kulawarga. Kabeh wong yen ngaturi lenggah utawa dhahar marang wong liya
mesthi ngacungake jempol. Semono uga ibu marang kakunge uga kudu mangkono
sikepe.
2.Telunjuk utawa jenthik kang nomer loro. Dadi ibu aja
mung nyadhong dhawuh saka kakunge, nanging kudu bisa nunjuk utawa nuduhake endi
kang bener lan endi kang luput marang para putrane. Jalaran kepriye bae sing
jenenge bocah yen ora dituduhake mesthi bakal ora ngerti, yen ora ngerti lan
ora ana kang nuduhake tumindake mesthi ngawur kang tundhone kleru.
3.Panunggul utawa jenthik tengah. Iki nuduhake menawa
kedhudhukane isteri minangka pimpinan urusan rumah tangga iku sejajar utawa
padha karo tugase bapak minangka kepala kulawarga. Bapak mandhegani urusan
jaba, dene ibu mandhegani urusan jero. Wong bebrayatan, urusan jaba karo urusan
jero kudu imbang. Mula dadi ibu rumah tangga kudu bisa ngatur sakabehe.
4.Jenthik manis. sing jenenge wong bebrayan iku dumadi
saka telung unsur yaiku bapak, ibu lan putra, tetelune ngatunggal mau kudu
kerep kumpul dadi siji. Yen gothang utawa kurang siji bae rasane kurang pas.
Luwih-luwih sing ora ana iku ibu, rasane dadi hambar. Ana ing wektu kumpul iku
mau ibu kudu bisa nuduhake watak manis, ana ing kalodhangan wektu ibu kudu bisa
menehi crita-crita kang sarwa manis marang kulawargane sarta menehi hiburan
werna-werna.
5.Kelingking utawa asring disebut jenthik. Kelingking
iku jenthik kang paling cilik, iku nggambarake menawa ibu kudu duwe watak cilik
kang maksude kudu andhap asor. Kajaba iku kudu wicaksana ing samubarang kalir
sarta aja gampang kabranang, luwih-luwih yen nampa kabar kudu
ditimbang-timbang. Umpamane entuk kabar saka liyan menawa garwane nyleweng karo
wanita liya, iku aja banjur percaya nanging kudu andhap asor, ditelithi kanthi
permati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar