Pagelaran wayang kulit minangka
tontonan lan tuntunan nganti saiki isih disenengi wong akeh. Siyaran wayang
kulit meh saben dina bisa kita rungokake ing radhiyo genthi-genten. Luwih-luwih
saiki televisi ing saben dina malem minggu uga nyiarake wayang kulit,
genti-genten karo wayang golek. Iku pancen nuduhake yen wayang isih dadi
tontonan kang nengsemake.
Wayang kulit digawe saka walulang
utawa kulit kewan. Bisa walulang sapi, kebo, wedhus utawa liyane. Sadurunge
digawe wayang, walulange luwih dhisik kudu dipepe nganti garing ing gawangan.
Gawangan iki digawe saka kayu, gunane kanggo menthang walulang supaya amba lan
rata.
Walulang kang wis dipepe garing ing
gawangan nuli diresiki wulune nganggo pangot. Pangot iki kanggo ngerok wulu
nganti resik temenan, yen wis resik banjur dirempelas supaya sisa-sisaning wulu
entek gusis. walulang nganti katon bening kaya kaca iku ateges walulang wis
mateng utawa siyap digarap dadi wayang.
Walulang kang wis mateng mau nuli
digambari wayang nganggo piranti kang diarani corekan. Gambar walulang mau
minangka pola kang sabanjure ditatah, anggone natah ditumpangake ing pandukan. Pandukan
yaiku kayu kandel tur amba kanggo tatakan natah wayang. Ing sandhuwuring
walulang diwenehi tindhih sing bobote kira-kira rong kilo, gunane kanggo
nindhihi walulang supaya ora mlesa-mlese.
Carane ngempakake tatah sarana
dithuthuk nganggo gandhen kayu. Tatahe ana warna-warna, yaiku tatah bedhahan,
tatah unton-unton, tatah trentenan, lan tatah tatasan.
Kang luwih dhisik ditatah yaiku
perangan ngarep, mandhuwur tekan ing paren. Kang pungkasan yaiku natah perangan
mata.
Swise ditatah kabeh, pakaryan
sabanjure yaiku nyungging. Nyungging utawa nggambari nanggo warna kang cocok,
yaiku:
1.Warna putih digawe saka glepung
balung dicampur ancur.
2.Warna kuning digawe saka watu atal.
3.Warna biru digawe saka nila werdi.
4.Warna ireng digawe saka langes
utawa kukus lampu.
5.Warna abang digawe saka gincu
abang.
Kanggo campuran, diwenehi landha
jangkang lan ancur garing.
Sabanjure wayang disungging luwih
dhisik diolesi warna putih minangka dhasar, lagi kena disungging manut warna
kang cocok. Yen nyungging wis rampung, kareben katon gilap kudu diwenehi prada
supaya wayange luwih bregas kudu dicawi. Cawi yaiku paes arupa garis-garis alus
banget kaya sawut. Lumrahe cawi nganggo warna ireng, yen perangan sing ora
dicawi kudu didrenjemi, drenjem yaiku corek arupa titik-titik ireng kaya bathik
cuwiri wayange sansaya katon ngremit.
Pakaryan kang pungkasan yaiku
masangi cempurit, cempurit iku garan wayang supaya bisa diobahake ana ing
pagelaran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar