Carane nambani wong mendem amarga keracunan
panganan:
1.Diombeni banyu klapa ijo utawa banyu degan ijo sing
akeh.
2.Kunir diparut lan diperes, peresan kunir diubleg
karo kuninge endhog pitik kampung diombe sepisan entek.
3.Areng kayu jati didheplok nganti lembut banjur dicom
banyu umub kaya gawe wedhang kopi. Sagelas diombe sepisan entek.
4.Bawang 5 iji diparut, jinten sasendhok didheplok lembut
lan madu murni dicampur dadi siji nganti rata banjur diombe sepisan entek.
5.Godhog sambilata 25 gram lan godhog jinten 25 gram
dikumbah resik banjur didheplok utawa dipipis nanti alus, diwenehi gula aren
sacukupe land icon banyu panas, diperes lan disaring kira-kira secangkir. Obat
iki kanggo keracunan sing dibarengi mutah-mutah, yen bar ngombe jamu iki,
banjur diombeni banyu gula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar