1. Layang
Iber-Iber
Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.
Tuladha layang iber –iber :
Kang pandonga
marang anakku
Irawan, Ing Jakarta
Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep
disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal
sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.
wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure
layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.
Parakan, 22 Nopember 2009
Bapak
Suradi
2. Layang
Kitir
Layang kitir
yaiku layang inggih
menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun
lumantar pos.
Tuladha layang kitir :
Katur Mas Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan
ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep
dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan, 22
Nopember 2009
Adhim
Sunaryo
3. Layang
Ulem
Layang ulem atawi undhangan inggih menika layang
atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan
wekdal ingkang sampun katemtokaken.
Tuladha
layang Ulem :
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha
Agung. Kula
angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran
supitipun anak kula jaler kekalih.
Inggih menika ingkang asma :
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA
Insyaallah
mbenjang
ing :
Dinten : Minggu Wage
[malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah
Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri
Kecamatan Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget
nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
4. Layang
Lelayu
Layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.
Tuladha Layang Lelayu :
Bilih kala wau
dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi
ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang. Layon badhe
kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking
griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang.
Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar