Rabu, 08 Januari 2014

Carita Cindhe Laras



       Raden Putra ing Jenggala kagungan garwa pamingir asmane Retna Cindhaga, nanging katelah nama Thothok-Kerot. Garwanipun padmi nama Dewi Limaran. Thothok-Kerot wadul dhateng Raden Putra, Dewi Limaran dipuntundhung lajeng kesah manggen ing satengahing wana. Dhaharipun namung woh-wohan wana utawi ron-ronan, Dewi Limaran kagungan putra jaler namanipun Cindhe Laras, wancinipun saweg demolan.
          Ing satunggaling dinten Cindhe Laras sumerep wonten gagak nggondhol tigan ayam. Tiganipun dipuntembung, suka, nunten dipundhawahaken alon-alon, boten pecah. Tigan kalawau dipuntetesaken, sareng netes dados sawung peng-pengan. Menawi dipunben, sawung menika temtu mimpang, sawung kalawau klurukipun aneh sanget “bek, bek, bek, bek, kukukluruk”, jagone Cindhe Laras ingkang griyanipun satenganing wana, ramanipun Raden Putra, biyungipun Dewi Limaran.
          Sareng Raden Putra miring klurukipun sawung kalawau lajeng mangertos menawi Cindhe Laras punika putranipun piyambak, Dewi Limaran lajeng kaboyong kondur dhateng ing Jenggala.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar