Kasugengan
saha sih nugrahaning Gusti ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasarira wonten ing
Panjenengan sedaya.
Kairing sagunging pakurmatan,
Ibu saha Bapak R.M Suyanto Wiratmaja,
tuwin para putra-pitri, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.
Nuwun, keparenga kula matur, minangka
sesulihipun Ibu saha Bapak R. Rusna Wijaya sakulawarga, kula kadhawuhan
masrahaken panganten kakung, Adi Sumantri katur Ibu saha Bapak R.M Suyanto
Wiratmaja.
Wondene kalampahanipun makaten: kala
wau wanci 09.45, panganten kakung kula pendhet saking dalem Jl. Gombel Permai
angka 22, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra tepangan,
sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem Jl. M.T Haryono angka 77 ngriki,
kalayan gangsar saha gancar.
Pramila, ngembun sarta ngemban dhawuh
wigatosing sedya, keparenga ing samangke panganten kakung kula pasrahaken tuwin
kula sumanggakaken katur Bapak Jono Sudarjo ingkang anyulihi Ibu dalah Bapak
R.M Suyanto Wiratmaja, cundhuk kaliyan lampahing upacara.
Wasana kula nyuwun pangaksami bok
bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang dadosaken
pirenaning panggalih.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar