Rabu, 08 Januari 2014

Pada-Pada Kang Ana Ing Aksara Jawa



1.Adeg-adeg utawa ada-ada, minangka ciri wiwiting ukara utawa gumantining garis ing saben alinea anyar.

2.Pada lingsa, minangka ciri andheging pamacane utawa sawetara, jalaran isih ana bacute. (Ing tulisan latin diarani koma).

3.Pada lungsi, minangka ciri andheging pamacane, jalaran ukarane wis rampung. (Ing tulisan latin diarani titik).

4.Pada pangkat, minangka ciri manawa samburine pasa mau kudu entuk kawigaten. (Ing tulisan latin diarani titik dua).

5.Pada kurung, minangka ciri manawa ing sajrone tandha kasebut nyethakake surasa ing sangarepe. (Ing tulisan latin diarani kurung).

6.Pada guru utawa uger-uger padha karo adeg-adeg utawa ada-ada, padatan tumrap ana ing layang-layang paturan marang Negara utawa layang-layang prajanjiyan.

7.Pada pancake, minangka ngebaki garis samangsa isih ana sing lowah.

8.Pada luhur, minangka ciri wiwiting ukara ing layang, sing kirim luwih luhur drajate katimbang sing dikirim.

9.Pada madya, minangka ciri wiwiting ukara layang, sing kirim padha drajate karo sing dikirim.

10.Pada andhap, minangka ciri wiwiting ukara ing layang, sing kirim luwih endhek drajate katimbang sing dikirim.

11.Pada purwa, minangka ciri wiwiting andharan kang wujud tembang.

12.Pada mandrawa, minangka ciri manawa andharan wujud tembang iku durunga rampung.

13.Pada titi, minangka ciri mawa andharan wujud tembang iki wis rampung.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar