A | ||
abot | >< | entheng |
andhap asor | >< | degsura, murang tata |
adhem | >< | panas |
adol | >< | tuku |
agung | >< | asat |
akeh | >< | sethithik |
ala | >< | becik |
angel | >< | gampang |
angok | >< | rob |
anggak | >< | grapyak |
apal | >< | lali |
atos | >< | empuk |
B | ||
bagus | >< | ala |
bandel | >< | gembeng |
banter | >< | rindhing/ alon |
bathi | >< | tuna/ rugi |
barang para | >< | barang pengaji |
becik | >< | ala |
begja | >< | cilaka |
bener | >< | luput |
bening | >< | butheg |
brangasan | >< | sabar |
boros | >< | irit |
buneg | >< | lejar |
bungah | >< | susah |
C | ||
cedhak | >< | adoh |
cendhak | >< | dawa |
cethek | >< | jero |
cethil | >< | loma |
ciut | >< | amba |
crah | >< | rukun |
culika | >< | jujur |
cuwa | >< | lega |
D | ||
dawa | >< | cendhak |
dhuwur | >< | cendhek |
duka | >< | rena |
dursila | >< | susila |
E | ||
eling | >< | lali |
entek | >< | isih |
G | ||
gabug | >< | mentes |
gedhe | >< | cilik |
gela | >< | marem, lega |
gemi | >< | boros |
gething | >< | seneng |
goroh | >< | jujur |
grapyak | >< | anggak |
gundhul | >< | ketel |
J | ||
jago | >< | babon |
jembar | >< | ciyut |
jero | >< | cethek |
jirih | >< | kendel |
jujur | >< | culika |
K | ||
kaku | >< | lemes |
kalah | >< | menang |
kalis | >< | nandhang/ketaman |
kandel | >< | tipis |
kasar | >< | alus |
ketiga | >< | rendheng |
kemproh | >< | resikan |
kendel | >< | jirih |
kepenak | >< | rekasa |
kerep | >< | arang |
kereng | >< | sabar |
kesusu | >< | sareh |
kladuk | >< | kurang |
kuru | >< | lemu |
L | ||
lali | >< | eling |
landhep | >< | kethul |
lantip | >< | bodho |
larang | >< | murah |
lega | >< | gela |
lembut | >< | agal |
lemu | >< | kuru |
loh | >< | cengkar |
longgar | >< | sesak |
luhur | >< | asor |
lumrah | >< | aneh |
M | ||
mapag | >< | ngeterake |
marem | >< | gela |
mencutake | >< | nyebahi |
mentah | >< | mateng |
mentereng | >< | prasaja |
miris | >< | tatag |
mukti/mulya | >< | sengsara |
mursal | >< | bekti |
muspra | >< | guna |
murah | >< | larang |
mungsuh | >< | kanca/bala |
N | ||
nacad | >< | ngalem |
nesu | >< | rena |
nistha | >< | utama |
ngajeni | >< | ngina |
ngakoni | >< | nyelaki |
ngati-ati | >< | sembrana |
ngebreh | >< | ngirit |
ngebon | >< | kontan |
P | ||
padhang | >< | peteng |
padu | >< | rukun |
prasaja | >< | mubra-mubru |
pungkasan | >< | wiwitan |
purwa | >< | pracima |
R | ||
rame | >< | sepi |
rampung | >< | wiwit |
rancag | >< | rendhet |
rekasa | >< | kepenak |
resikan | >< | kemproh |
rikat | >< | alon |
S | ||
sabar | >< | brangasan |
sareh | >< | kesusu |
satru | >< | kanca |
sedhep | >< | cemplang |
sedih | >< | seneng |
sleder | >< | tliti |
semanak | >< | anggak |
sengsara | >< | mulya |
sepele | >< | wigati |
sregep | >< | kesed |
subur/loh | >< | cengkar |
suda | >< | tambah |
susah | >< | bungah |
T | ||
tabah | >< | kuwatir |
tanpa | >< | nganggo |
takon | >< | mangsuli |
teka | >< | lunga |
temen | >< | cidra |
tipis | >< | kandel |
tradhisional | >< | moderen |
tuku | >< | adol |
turah | >< | kurang/cumpen |
U | ||
ukuman | >< | ganjaran |
umuk | >< | nyata |
urip | >< | mati |
W | ||
wareg | >< | ngelih/luwe |
wetan | >< | kulon |
wedi | >< | wani |
wigati | >< | sepele |
wuled | >< | mbedhel |
wudhu | >< | payu/laris |
wuragil | >< | pembarep |
wutuh | >< | suda/kalong |
Y | ||
yekti/nyata | >< | goroh/apus-apus |
AKU TRESNA BASA JAWA
Blog ini dibuat untuk memposting seputar materi tentang bahasa jawa, yang sekiranya dapat berguna bagi pembaca blog ini. Penulis blog ini : Dyah Ayu Octalina S., Miftakhul Jannah, Oky Putri Candra D. yang sedang belajar di Universitas Negeri Semarang
Minggu, 12 Januari 2014
Tembung Kosok Balen
Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan.
Rabu, 08 Januari 2014
Wayang Wong
Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional
Jawa. Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing
negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa.
Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. Wayang
uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan.
Sejarah Wayang Wong
Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta,
wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih menika Mangkunegara
I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri
kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing
Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara IV ngawontenaken
khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan Mangkunegara V wayang wong
dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun. Ing taun 1899,
Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten ing peresmianipun ngawontenaken
pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong. Wiwitanipun
wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar
ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial,
kanthi nyadé karcisWayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten
pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening
Sastrosabdo. Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun
dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening
Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang
purwa. Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging
ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi
pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih
winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon. Pranyata kesenian wayang wong
pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan
wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional.
Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi
jasa ingkang ageng, inggih menika ndherék nglestarékaken budaya bangsa, kados
seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan.
Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih
prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing
saben dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang
wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi
saé.
Masa Pagelaran Wayang Wong
Wayang Wong
Masa (wekdal) pagelaran wayang wong menika kinten-kinten 3 jam.
Lagu Dolanan
Lagu-lagu Dolanan Jawa
Tengah
1. SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.
2.ILIR-ILIR
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
1. SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.
2.ILIR-ILIR
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
3.PADHANG BULAN
Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
4.DHONDHONG APA SALAK
Dhondhong apa salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong apa mbecak
Mlaku dimik-dimik
Macem Dolanan Jawa
Dolanan jawa
sing sifate fisik:
1.Engklek
2.Dampu
3.Gayak Lari (Lompat tali)
4.Kontrakol
5.Jeg-jegan (Betengan)
6.Benthik
7.Ungklak ungklak ugel
8.Gobak sodor
9.Jelungan / Petak umpet
10.Dor-doran
11.Ndhas Kil
12.Jamuran
Dolanan jawa
sing sifate seni trampil:
1.Dakon
2.Remi
3.Dam-daman
4.Nekeran
5.Ular-ularan
6.Ndog-ndogan
7.Cangkriman
8.Mbar suru
9.Bekelan
10.Cublak cublak suweng
Langganan:
Postingan (Atom)