BAKUL BUBUR KACANG IJO
KAE TRESNAKU
Dening Dyah Ayu Octalina S.
Isuk-isuk Nani wis
tangi. Ora kaya biyasane, dina Minggu iki dheweke tangi luwih gasik. Embuh apa
sing gawe Nani turu ora jenak, dheweke lungguh ijen ana ing ruwang tamu.
Ketap-ketip sajak isih ngantuk nanging ora bisa turu.
“lho ndhuk kowe kok
kadingaren wis tangi mruput?” Pitakon ibune metu saka pawon
“boten menapa-menapa
bu, kula naming kepengen tangi gasik”. Semaure Nani
“O yowis, kene gawe wedhang
kanggo anget-anget awak”. Ibune nyambungi
Nani banjur mara ana
ing pawon nggodhok wedhang lan gawe teh kanggo dheweke lan wong tuwane. Banjur
wis dadi, dheweke lungguh ana emperan omah karo nyruput wedhange. Nina
thingak-thinguk sajak kaya ana sing digoleki, thet…thet…thet… swara bakul
kacang ijo lewat. Nina njenggirat marani, ora arep tuku bubur kacang ijone
nanging arep kepethuk karo bakul sing ditresnani kuwi. Jenenge Ari, bekas kanca
SMAne biyen. Sanadyan bakul, nanging Ari uga kuliyah ana ing salah sawijining
universitas tlatah Ngayogyakarta, beda karo Nani sing ora kuliyah amarga wong
tuwane ora kuwat bayari sekolah dhuwur-dhuwur. Bocah sak kloron kuwi rembugan
ngalor ngidul, saking ora krasane Nani diawasake ibune saka jero omah.
“Nani..Nani…ndang
mrenea!!” ibune bengak-bengok nyeluki Nina
“Inggih bu sekedap”. Semaure
Nani
“Wis dhisik ya mas, aku
diceluk ibu..sampeyan sing ati-ati dodol golek dhuwit”. Tembunge Nina kanggo
Ari
“Iya dhik, kana ndang
mara ning ibu, aku dak bacutke dodolku”. Wangsulane Ari
Nani banjur mlayu
cepet-cepet marani ibune ning pawonan.
“Wonten menapa ta bu?”
pitakone Nani
“Kowe kuwi kok
dikandani angel temenan, ibu wis ngomong yen kowe ora usah kekancan karo Ari.
Sanadyan bakul, nanging dheweke rak ya anake wong sugih, anake lurah kene!!
Ileng’a ndhuk awak’e dhewe iki mung warga biyasa, wong ora duwe”. Sambunge bu
Tarni ngamuk-ngamuk.
“ Nanging bu, kula
kaliyan mas Ari menika sami-sami tresna, tiyang sepuhipun mas Ari nggih boten
menapa-menapa, boten benten-bentenaken”. Wangsulane Nani karo mlaku mlebu
kamare.
Sedina kuwi Nani meneng
wae kaya mikirake perkara isuk mau, banjur dheweke mlaku-mlaku ana ing
alun-alun kanggo ngayemake pikire. Ora disengaja dheweke kepethuk karo Ari,
bocah loro kuwi padha rembugan, Nani omongake perkara ibune sing ora sarujuk
karo Ari.
“Mas, aku iki bingung
kudu kepriye, aku tresna marang sliramu nanging…..”. Omonge Nina rada
plegak-pleguk
“Nanging apa dhik? omong’a
wae ora apa-apa.” Semaure Ari
“Cukup sakmene wae ya mas
awak’e dhewe”. Wangsulane Nani karo ndingkluk nangis
“Lho iki ana apa to
dhik? jare kowe tresna karo aku, kok malah nyukupke katresnan iki, ana perkara
apa?”
“Anu mas, ibu ora
sarujuk karo sampeyan amarga sampeyan anak’e wong dhuwe, anak’e lurah kene,
beda karo aku sing anak’e wong mlarat”.
“Ora dhik, wong tuwaku
kuwi ora seneng beda-bedakake, wong tuwaku nrima apa anane. Kowe ya ngerti
dhewe ta pas dak ajak ning omah wong tuwaku ya grapyak karo kowe, malah ibu
pengen awak’e dhewe cepet-cepet kawin, nanging aku dak ngebarake kuliyahku
dhisik”.
“Iya mas aku ngerti,
nanging ibu kuwi lho”.
“Yowis aku dhewe wae sing
ngomong karo ibumu, ben ibumu bisa ngerti”.
Banjur Nani diterake
mulih karo Ari, tekan omah bocah loro mau mlebu bebarengan. Ari weruh ibune
Nani lagi lungguh ana ing ruwang tamu, banjur salaman lan wiwit ngomong perkara
mau.
“Bu, kula menika tresna
kaliyan dhik Nina, kula nyuwun donga pangestunipun saking ibu”.
“Ora nak Ari, Nani lan
ibu kuwi wong ora duwe, beda karo awakmu lan wong tuwamu. Apa sesuk wong tuwamu
ora isin duwe mantu lan besan wong mlarat kaya ngene iki?” Semaure bu Tarni
“Boten bu, tiyang sepuh
kula menika boten menapa-menapa menawi putranipun sampun sami-sami tersna.”
Wangsulane Ari
‘Ora nak, Ora..wis ibu
arep mlebu dhisik”. Wangsulane bu Tarni karo lunga saka lungguhan
Ari lan Nani padha
meneng-menengan ning ruwang tamu, sajak bingung kudu kepriye maneh, nanging Ari
ora mandheg tekan sakmono wae. Dheweke wis nyusun rencana gedhe.
“Yowis dhik, aku dak
muli dhisik, kowe aja mikir perkara iki amarga aku wis duwe dalan metune ben ibumu
bisa ngrestuni awak’e dhewe”.
“Lha kepriye mas, ngerti
dhewe ibu mau ora ora tenan”.
“Wis ta tak usah mbok
gagas, sesuk entenana tekaku ning omahmu”.
“Iya mas”
Ari banjur pamitan
mulih.
Isuk-isuk mruput, srengenge
durung nganti ketok, Nani wis tangi. Dheweke ora gagas apa sing diomongake Ari
wingi kae, Nani banjur resik-resik omah karo idep-idep olah raga. Bubar kuwi
dheweke nusul ibune menyang pasar tuku sop-sopan sing arep dimasak. Jam 9an
Nani lan ibune wis tekan omah banjur jujug pawon racik-racik arep masak
janganan sing dituku ning pasar mau. “Thok…thok..thok…assalamualaikum..”. Swara
saka ngarepan omah sajak kaya ana tamu.
“Walaikumsalam” Semaure
Nani mlayu metu
Banjur tekan ngarep
lawang, dheweke kaget, ngadeg njegeger ora ngomong apa-apa.
“Ndhuk Nani, ibumu ana?”
Pitakone bu Rini ibune Ari
“Iya ndhuk endi ibumu?”
Sambunge Pak Narjo bapake Ari
“Wonten dalem pak bu,
mangga mlebet rumiyin”. Semaure Nani karo mandeng Ari sajak ora mudeng maksute
“Bu wonten tamu kagem
ibu”. Tembunge Nina karo mlebu pawon nyeluki ibune
“Sapa ta ndhuk kok kaya
wigati banget?” wangsulane ibune
Nani ora wangsulan
apa-apa banjur metu ditututi ibune.
“Oalah Pak lurah, Bu
lurah kaliyan nak Ari ta?” Sambunge bu Tarni sajak kaya wong kaget
“Inggih bu, menika kita
badhe sowan sekedhap”. Semaure bu Rini
“Inggih, wonten menapa
ta bu kok kandingaren”. Semaure bu Tarni
“Inggih menika, kula
kaliyan semah kula menika badhe nembung Nina kangge putra kula si Ari”.
Sambunge pak Narjo
“Inggih bu, putra kita
menika sampun sami-sami tresna ta, menika tugasipun tiyang sepuh kangge
ngresmikaken”. Selane bu Rini
“Kados pundi nggih,
Nani kahananipun kados menik, menapa panjenengan boten…..”
“Bu, perkawis kahanan
menika boten kados menapa, banda donya menika saking Gusti Allah ta..” Pak
Narjo nyelani
“Inggih bu, boten usah
dipun penggalih, dados kados pundi menika bu Tarni?” pitakone bu Rini
“Nyuwun ngapuranipun
pak bu, menawi kados menika kula inggih sak kersane putra putri kemawon”.
Wangsulane bu Tarni rada lega
Krungu bu Tarni ngomong
mengkono, Ari lan Nina bungah temenan, katresnane saiki ora ana alangan
apa-apa.
--TAMAT--
Dening :
Miftakhul Jannah
Pancen
wis bejaku. Wiwit esuk mau anane kena
alangan terus. Esuk mruput telat kuliah, amarga kos-kosan ngisor kena banjir.
Gelem ora gelem aku melu kerja bakti dhisik. Dina iki pancen aku satemene rada
kesusu, amarga awakku kudu bali menyang omah sing ana ing Solo.
Sega
wus kadhung mbubur. Aku mutusake bolos kuliah dina iki. Esuk sawetara jam 09.00
WIB, rampung kerja bakti aku gage siap-siap kanggo bali. Mampir tuku oleh-oleh
dhisik kanggo ibu lan bapak ing omah,ora lali tuku gudheg kanggo jagan ngelih
ana ing sepur mengko.
Panas
ngengkreng-ngengkreng mecah sirahku. Sawise tuku oleh-oleh aku langsung menyang
stasiun. Ora sadhar, dompet sak dhuite bablas digasak copet sing wiwit saka
toko mau wis ngawasake awaakku. Ya... ora bisa daktolak, dhuwit sak dompete
amblas ora kasisa. Untung bae barang kaya ATM, SIM, KTP, lan identitas liyane
wis dakpindahake ing dompet sijine. Aku pancen wis apal karo kahanan ing papan
umum kaya mengkana iki. Apa maneh gemiyen akuya wis ngrasakake apa iku sing
jenenge kecopetan tanpa tilas. Nanging, sing diarani ora bejo ya iku mau. Gelem
ora gelem aku kudu ngiklasake dhuwit sing amblas digasak copet mau. Kasisa
dhuwit rong puluh ewu sing ana ing sak klambi iki, susuk tuku gudheg mau.
muga-muga cukup kanggo cekelan teka Solo mengko.
Langit
kelap-kelap, sumleret putih nyigar ing satengahing mendhung biru klawu. Suwara
pating gembludhuk ngutik-ngutik kupingku, bareng karo suwara klakson sepurkang
nandhakake tekane sepur ing awan iku. Ban sepur gumblindhing saya alon ana ros
rel kang nujokake jalur loro stasiun Yogyakarta. Aku sing wis siap, gage-gage
munggah kereta karo gawanku sing lumayan akeh mau langsung golekki nomer kursi
sing padha ing karcis iki. 07D gerbong telu, anggonku golekki nomer karo
dhesel-dheselan. Kabeh uwong padha bae ora gelem ngalahe. Mlaku saka gerbong
loro nganti telu, akhire nomer iki ketemu. Ana ing kana jebul wis ana wong
wadon karo bocah loro cilik-cilik. 08D lungguhe kang nandhakake aku lungguh
jejere wong wadon mau.
Karo
mesem aku lungguh ing jejere. Bubar kui ya meneng-menengan. Dirasa durung kenal
lan lagi sapisanan ketemu. Sawetara limang menit karo ngenteni sepur mlaku.
Bocah loro clik-cilik mau mecah suwasana. Jaluk jajan marang wong wadon ing
sampingku. Nanging, wong wadon mau kaya wong linglung. Embuh apa sing dipikare.
Tak wenehake jajan sing dakgawa mau. sejatine kanggo bapak lan ibu. Nanging iki
ya tumindak ngamal sing ora sepiroa. Oleh-oleh kangg bapaklan ibu ya isih ana
turahe.
Bocah
wadon mau isih bae meneng-anteng, kaya-kaya ora krungu polahe bocah-bocah cilik
mau. Nembe sadhar bubar tak senggol lan tak tawani jajan. E... jebul lagi
ngalamun, batinku. Daksawang pancen ana sing dipikirake, nanging aku ora wani
nakonake. Dikirane sok kenal, apamaneh malah ikut campur urusane rak ya malah
repot mengko. Aku mung bisa omong-omong biasa kanggo mecah suwasana sepi ing
kursi papat sing adep-adepan iku.
Aku
ndhisikki kenalan. “namane sinten Mbak?” karo ngulungake tangan, ngajak
salaman. “Lintang” jawabe lirih. Kula Candra karo mesem “hla badhe tindak pundi
mbak?” nyambungi maneh. “Tindak Solo Mas” ora bali takon. Aku rada bingung,
arep ngomongake apa maneh. Daksawang rupa ayu polos iku pancen wong sing
isinan. Kulite kuning resik. Rai lonjong katambah lesung pipit ing pipine gawe
mripat iki ora gelem uwal saka pandelenge. Aku sansaya penasaran karo Lintang,
bocah wadon iki. Mecah suwasana, aku ndisikki omong maneh. “Tindak Solo badhe
dhateng pundi Mbak ?”. “badhe wangsul ngomah mas. Nha sampeyan piyambak?” balik
takon, rumangsa olehe mau durung takon-takon. “Kula nggih badhe tindak Solo,
wangsul ngomah”. “Waah.. berarti sami nggih Mas” katon sumringah. “Inggih
Mbak... ngepasi sami tujuane” jawabku.
Saya
suwe saya kenal. Pancen iku ya dadi tujuanku amarga aku isih penasaran karo
dhewekke. Saksuwene lakune sepur arah Solo iki mau aku ngrasakake ana sing beda
saka awakku. Ora kaya biasane. Awak sing biasane meneng-anteng iki mau wis
malih dadi sumringah bungah. “Apa krana wong wadon iki ya?” pitakonku ing jero
ati.
Ora
krasa wis meh teka stasiun Solo Balapan. Lan iki nandhakake aku lan dhewekke
kudu pisah. Rada abot, amarga isih kepingin nyawang rupa ayu sing bayangi ing
awang-awangku. Apa maneh awak singset lan sirah kabuntel lendhang biru iku,
gawe endah pasuryane.
Aku lan
dhewekke sarta bocah loro cilik-cilik sing dakanggep adhine mau siap-siap
mudhun. Lintang mlaku dhisik karo nggandheng bakoh bocah loro mau, aku ana ing
mburine karo gawa gawanku. Wis mudhun saka sepur, aku sempet jaluk nomer Hp ne,
mbok menawa mengkone awakku bisa katemu maneh karo dhewekke.
Aku mlaku
ngetan dene dhewekke mangulon. Metu saka stasiun Solo Balapan atiku digawe
kaget marang grombolan uwong sing padha dhesuk-dhesukan. Embuh apa sing
dirubung iku. Sepisane aku ora pati nggagas, nanging ati iki kaya-kaya
ditarik-tarik dikongkon ndhelok rerubungan mau. Bareng wis cedhak lan weruh
saklebatan lendhang biru iku, atiku saya dheg-dheg an. Lintang, bocah wadon
sing katemu ing sepur mau gumletak, semaput ing sakangerepe warung mie ayam.
Embuh apa sebabe, nanging nalika kui aku langsung mbopong dhewekke mlebu omah
bakul mie ayam mau. Bocah loro sing bareng karo Lintang mau mung bisa nangis
kejer. Rumangsa wedi ana apa-apa karo Lintang.
Mulih
omah rada katunda. Aku nungguni Lintang nganti sadhar lan ngurusi dhewekke kala
rada penakan. Sawetara limalas menit aku ana ing sampinge Lintang mau. ora
tegel ninggal sakjangkah bae. Embuh krana apa, ati iki kaya wis dimandati
kanggo jaga dhewekke. Lintang sadhar. Awak dakangkat lan daksumendhekake ana
ing lengenku. “Dombe dhisik Mbak, ben awakke rada penak” karo ngulungake teh
anget ing gelas cilik. “matur nuwun ya
Mas” jawabe lemes. “Saiki leren dhisik, mengko nek wis kepenak awakke dakterake
bali bae ya Mbak”. Sengaja ora takon geneya karo dhewekke mau, mundhak tambah
lara.
Ora suwe
Lintang ngajak bali, jare wis ora betah ana ing kana. Rasa ndrawasi lan
khuwatir iki sih nyikepi awakku. “apa ora kesusu tah Mbak ? ora ngenteni rada
mengko bae, ben awakke ya rada kepenakan”. “Ora Mas, aku wis ditunggu ibu ning
omah. Ibu lagi sakit, kamangka aku kudu cepet-cepet bali Mas”. “ya wis,
dakterake bae ya Mbak, takcegatke taksi dhisik” tanpa nungguni jawabane
Lintang.
“Ayo
Mbak, mlebu kene. Ayo dhi-adhi enggal melu mlebu”. Aku lungguh ning ngarep,
dene Lintang karo bocah cilik mau ana ing mburi. “Badhe tindak pundi Mas ?”
pitakone pak supir. “Pasar Klewer Pak” jawabe cepet. Pancen pas iku aku ya mung
plonga-plongo, wong aku ora ngerti tujuane. Ngampet isin.
Wis teka
nggone, aku bayar argo lan gage padha mudhun. “wis teka kene bae Mas olehmu
ngeterake aku”. “geneya Mbak? ora tekan ngomah sisan, nanggung rak wis cedhak
tah? Aku ya ra tegel, mbok mengko ana apa-apa maneh” takonku penasaran. “Ora
apa-apa Mas. Aku arep nutup toko dhisik ana ing jero pasar kana. Sampeyan
mengko ndhak wis diarep-arep kaliyan bapak lan ibu ning omah. Aku matur nuwun
banget ya Mas. Ora ngerti mengko bales kabecikanmu kaya apa. Aku mlebu dhisik
ya Mas”. Ora bisa ngomong apa-apa. Olehku jawab ya mung “iya, ati-ati ya Mbak”.
Wanci
iku, watara jam 17.00 WIB. Wayah udan riwis-riwis, aku gage-gage balik menyang
pos ojek. Gage-gage kaya ngoyak udan lan dioyak udan. Omahku saka pos ojek
kira-kira mung limalas menitan. Ngebut sabanter-bantere, nanging teka ngarep
gang ngarep omah kapeksa mandheg. “Geneya maneh?” batinku. Kacegat dening uwong
sing lagi padha nggotong wong lanang tuwa. Embuh kena apa. Nalika iki aku blas
ora kepingin weruh, kaya Lintang mau. Pikirku aku enggal-enggal teka ngomah.
Teka ngarep omah aku digawe kaget maneh. Akeh uwong ana ing kana. Suwara tangis
ya keprungu banter banget. Jenggirat, aku langsung mlayu mlebu kepingin ngerti
ana apa sebenere.
“Assalamu’alaikum,
Bu... Ibu... wonten napa? Bu... !” seru banget olehku mbengok. “Le... anteng,
lungguha dhisik, aja gawe Ibumu dadi tambah bingung”. Kandha pakdhe karo
nggeret tanganku diajak linggih. “Satemene ana apa tah pakdhe? Aja gawe bingung
awakku” lirih, rada lemes. “Pakdhe arep crita, ning kowe aja kemrungsung, sing
sabar lan gawe ibumu ayem”. “Inggih pakdhe, wonten napa?”. “Nembe wae bapakmu
kena alangan. Mau kesetrum listrik lampu ngarep gang kana”.
“Astaghfirullahal’adzim... dadi sing tak weruhi ning ngarepan mau bapak Dhe?”.
“Ya... mungkin Le”. “hla saiki bapak wonten pundi Dhe?”. “Digawa ning Rumah
Sakit Yarsis Le. Iki pakdhe karo keluarga liyane arep nyusul mrana. Koe karo
Ibu apa ya arep melu?”. “Inggih Pakdhe, kula tumut. Kula marani ibu rumiyin Pakdhe”.
Mlaku alon karo mikir apa sing arep dakomongke karo Ibu.
Ruang
Melati III, kabeh keluarga padha nungguni ing kana. Aku lan Pakdhe sing
langsung njujug ruang administrasi ing ngarepan.
Pak
dhokter metu saka jero ruangan. “Kados pundi Bapak kula Pak?” ngadeg bareng
karo ibu. “Alhamdulillah... bapak sampun nglewati masa kritis. Bapak pesen anak
lanang dipundhawuhi sowan mlebet. Nanging, pesen kula ampun damel tambah
pikiran bapak nggih”. “Inggih Pak, nuwun”. “Bu, kula pamit sowan bapak riyin
nggih”.
Mlaku
mlebu alon-alon. Kala iku bapak wis ngenteni. Ngakon linggih ing sampinge.
“Rasane bapak wis ora kuat Le. Bapak pesen, jaga ibumu. Siji maneh, bapak
gemiyen wis sarujuk njodhohake awakmu karo bocah wadon anakke Ibu Ningsih,
mantan sesandhingane bapak jaman enom. Nek bisa, awakmu golekki bocah iku.
Ceritakna kabeh marang dhewekke lan Ibune, wenehna cincin iki. Bapak pamit
dhisik”. Mripat merem, awak saya anyep.
Ora bisa
ngampet tangis, sanadyan aku bocah lanang. Saka jaba Ibu lan Pakdhe langsung
mlebu. Isih bingung, nanging Pakdhe langsung tanggap. Ibu nangis kejer banget.
Mung bisa nyawang.
Pemakamane
bapak wis diurus rampung. Pitung dinanan ya wis katindhakake. Aku nyoba
nakokake amanah saka bapak marang ibu. Sawetara iku ibu ya wis paham. Ibu
ndhawuhi aku enggal-enggal nemuni bocah wadon iku. Amarga keluargane iku ya wis
dianggep keluarga dhewe.
Bubar
diwenehi alamate, aku nembe nyadhar. Ora asing karo alamat iku. Dakeling-eling
nganti krungu suwara Hp muni.
“Assalamu’alaikum”
suwara alus kang wis pernah dakrungokake. “Mas... turut duka cita nggih. Mugiya
diparingi sabar lan ikhlas kagem keluarga”. Bingung karo ngeling-ngeling. Cek
kacandhak ing pikiran. “Mbak Lintang nggih?”. “inggih Mas. Kula sampun
dipunaturi Ibu menawi Bapakipun saampeyan nembe tilar donya. Kula kaliyan ibu
nyuwun pangapura menawi boten saged layat wonten ing dalem. Lan kula nggih
sampun dipuncritakaken ibu manawi kkala rumyin bapak kaliyan ibu sampun
njodhohaken kita Mas. Samenika kula kaliyan ibu badhe sowan mrika”. Nrucus
cerita dawa. Kedandapan arep sumaur apa. “Iii... iii..nggih mba matur nuwun.
Sampeyan kula jemput kemawon Mbak. Samangke c
dipunlanjutaken wonten dalem kemawon. Ibu inggih sampun ngentosi Mbak”
langsung nutup telfon.
Karo gawa
cincin sing wis diwenehake bapak kala rumiyin. Cincin iku sejatine arep
diwenehake karo ibune Lintang, Bu Ningsih. Nanging bapak kaliyan ibu boten
dipunwenehi restu kaliyan simbah loro-loro ne. Kanggo bukti ingkang nyata lan
ngeyakinake kabeh keluarga mengkone.
♪ TAMAT ♪
BALI DADI TUKANG SEMIR
SEPATU
Dening: Oky Putri Candra Dewi
Barjo
bocah lulusan SD saben dinane dadi tukang semir sepatu kanggo nyukupi
kabutuhane saben dina amarga deweke wis ora duwe wong tua maneh. Satemene
deweke isih duwe bapak ananging bapake lunga dadi TKI awit Barjo isih umur
selapan dina nanging ora bali-bali lan ora ana kabar babar pisan. Nalika barjo
isih cilik amung urip karo ibune kang ngandelake bayaran ibune saka ngurusi
sawah tanggane. Wektu iku Barjo sekolah kelas 6 SD ibune duwe lara sesek napase.
Malah Barjo kudu bolos sekolah ganteni gaweane ibune ing sawah yen ibune lagi
ora bisa ngapa-ngapa amarga larane kumat. Barjo kudu bolos sekolah ganteni
ibune amarga bayarane iku saben dina yen ibune wis rampung nunggoni sawah
tanggane supayane ora ana manuk kang mangani pari. Mangkono iku Barjo ora duwe
pilihan liya yen kepengin bisa mangan.
Nalika
Barjo wis lulus SD arep nurusake sekolah maneh ing SMP, Ibune tilar donya
amarga lara sesek napase wis setahun ora ditambakake amarga duite amung cukup
kanggo kabutuhane saben dina. Awit kedadean kuwi Barjo wis ora bisa nerusake
sekolah maneh. Deweke kudu pasrah lan nerima nasib. Barjo amung duwe ijazah SD
lan ijazah SD kuwi gawean paling ya sing kasar-kasar kayata kerja ing bangunan
lan dadi ngisoran sing dikongkon terus. Bocah-bocah sing ora nerusake sekolah
lan amung lulusan SD ing kiwa tengen tangga desane Barjo iku akeh sing dadi
wong jaluk-jaluk kang ngandelake welase uwong. Tangga teparone kerja kaya
mengkono iku ing kuta amarga ora duwe pilihan liyane, jaman saya modern lan
maju yen golek gawean angel lulusan kurang luwih SMK. Nanging Barjo ora
kepingin kerja jaluk-jaluk amung ngandelake welas uwong kaya mengkono. Pikirane
isih ana gawean liya sing isoh dilakokake. Wis seminggu anggone Barjo ditinggal
Ibune lan urip dewean. Sore iku nalika Barjo arep tuku sembako deweke ketemu Wisnu
Ing warung. Wis suwe anggone Barjo lan Wisnu ora tahu ketemu lan guneman.
Amarga Wisnu kerja saka esuk wayahe Barjo durung mangkat sekolah ngasi sore
wayah magrib Wisnu lagi ning omah.
“
Wisnu ?”
“
Eh, koe ta Barjo. Piye kabare jo, suwe banget ora tahu ketemu lan guneman karo
koe.”
“
Iya koe kerja terus ora tahu leren kok ketemu saka ngendi ta ?”
“
Aku turut duka cita ya Jo, sing sabar.”
“
Iya, aku wis ikhlas. Nuwun ya.”
“
Piye wis oleh kerja apa isih golek ? “
“
Aku isih ning ngomah wae , kerja ya ijazah mung lulusan SD .”
“ Sesuk melu aku kerja wae jo. Lumayan kanggo
mangan saben dinane.”
“ Tenan ora iki aku dijak kerja ? aku
ya ora duwe ketrampilan lan sekolah wae ora bisa nerusake kanggo golek gawean
sing kepenak ya angel .”
“ Iya, nanging kerjane iki amung dadi
tukang semir sepatu. Yen koe gelem sesuk langsung wae melu aku wae.”
“ Iya ora papa, aku gelem banget malahan.
Matur nuwun koe wis gelem ajak-ajak aku kerja.”
“
Yawis sesuk esuk jam 5 esuk, aja lali sesuk ketemu ning warung kene ya.”
Bubar
kuwi Barjo bungah banget amarga deweke duwe gawean lan ora mumet mikir kepriye anggone
deweke bisa mangan yen biasane Ibune sing kerja . Barjo wis ora kaget maneh sak
iki kudu gelem rekasa dewean golek duit kanggo mangan. Amarga wis dibiasake
saka isih cilik karo ibune urip sarta kecukupan lan kerja ngewangi ibune
panas-panas ning sawah. Barjo uga bisa duwe kegiatan lan ora kepikiran terus
anggone kelingan ibune sing wis bali marang kersane Gusti apa maneh karo
bapakne sing ora tau bali omah lan menehi kabar babar pisan. Barjo wis pasrah
marang Gusti karo nasibe dewe. Satemene deweke ya kangen karo bapakne, kepingin
ketemu lan iruh bapakne dewe kaya ngapa. Sak iki deweke wis yatim piatu lan ora
duwe sapa-sapa maneh. Barjo kudu bisa bangkit lan ora ngresula terus karo
nasibe.
“
Jo, Barjo ayo mangkat.”
“
iya Nu, aku nutup lawang disik.”
“
tak tunggu karo mlaku ya Jo.”
“
sip Nu.”
Esuk
iku Barjo lan Wisnu dadi tukang semir sepatu ing trotoar toko lan mubeng ing
warung-warung saben dinane. Barjo diwenehi ngerti panggonan sing akeh wong-wong
padha ngumpul saben dinane. Apa maneh wektu kerja kantoran padha leren anggone
nyambut gawe. Wisnu iku kancane Barjo sak umuran nanging Wisnu pancen wis ora
sekolah maneh amarga tunggale papat lan wong tuane ora sanggup nyekolahake
kabeh. Biyen Wisnu wis tahu sekolah nanging lagi tekan kelas 3 SD deweke metu
amarga nunggak terus anggone bayar sekolah. Banjur metu sekolah kuwi Wisnu
kerja dadi tukang semir sepatu. Saka gawean iku Wisnu bisa ngewangi wongtuane
nyukupi kabutuhan deweke lan adi-adine kanggo saben dinane.
Sak
iki Barjo isoh nyukupi kabutuhane saben dina lan duwe tabungan dewe. Patang
dina Barjo ora duwe pemasukan amarga udan ora terang-terang. Deweke banjur duwe
inisiatif dodolan wedang lan rokok keliling. Barjo jipuk kabeh tabungane sing
wis cukup kanggo modal nalika dheweke dadi tukang semir sepatu patang sasi
kepungkur. Barjo arep dodolan rokok
keliling karo wedang amarga yen wayah udan kuwi ora ana sing gelem nyemirake
sepatune lan wayah udan kuwi pas banget yen dodolan wedang anget kaya teh utawa
kopi lan rokok keliling.
Dina
sesukke Barjo nyoba mubeng karo nawarake rokok lan wedhang kopine. Hasile
lumayan kanggo balekke modal manih. Nalika lagi mubeng Barjo ketemu Wisnu.
“ heh
Barjo, kok gawa rokok lan wedhang kopi ta ?”
“ iya Nu,
aku nyoba ganti kerja asongan disik.”
“ lha kena
apa? Hasile nyemir sepatu kurang ta?”
“ ora, ora
ngono. Aku patang dina wingi ora oleh pemasukan babar blas amarga uda sewayah wayah. Banjur aku duwe
inisiatif kanggo dodolan kaya ngene iki hlo
Nu.”
“ oalah, aku ya pemasukane
kelong akeh banget iki Jo.”
“ apa kowe
melu kaya aku dhisik wae Nu, mangsa udan iki ya lumayan ta.”
“ ora wae Jo, aku wis mantep
ning kerjaku iki kok.”
“ yawis ya aku tak mubeng manih
nawarake daganganku iki.”
Barjo
banjur nerusake anggone nawarake dagangane.
Nanging
lagi rong dina anggone Barjo dodolan wedang lan rokok keliling wis ana bilahi
marang deweke. Barjo dipalak karo preman-preman. Kabeh rokok sing kanggo
dodolan dijalok. Barjo rugi lan ora duwe simpenan maneh amarga kabeh simpenane
wis kanggo tuku rokok.
Sakwise
kedadean kuwi Barjo ora dodolan lan ora kerja sedina ning omah amarga ngrasakke
susah payahe wis kerja nanging duwite lan dagangane dipalak preman. Dina iku
Wisnu mara ning omahe.
“ Jo, rong
dina kepungkur kok ora kerja ki eneng apa?
“ ora papa Nu, aku lagi kesel
wae iki.”
"apa kowe lagi lara kok kayane lemes kaya
ngono? Durung mangan apa piye Jo?”
“ ora kok
Nu, aku sehat sehat wae.”
“ cerita eneng apa ta Jo, kowe
wis tak anggep sedulur dewe.”
Barjo banjur cerita apa anane marang kancane sing wis gelem preduli marang
dheweke. Wisnu ora ngira yen kedadeyan kaya ngono kuwi kudhu dialami Barjo
bocah lugu lan sregep nyambut gawe. Wisnu amung bisa menehi semangat marang
Barjo yen kuwi cobaan saka Gusti supayane tabah lan sabar nerima. Amarga rejeko
kuwi wis ana sing ngatur. Wisnu uga ngajak Barjo dadi tukang semir sepatu maneh
kaya biyen wong loro bebarengan.
Sakwetara
Barjo bali meneh dadi tukang semir sepatu. Bejane piranti kanggo nyemir sepatu
biyen durung ilang lan isih wutuh disimpen ing lemari. -cuthel-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar