Jumat, 20 Desember 2013

Arane Wong


ARANE WONG
Dudha : sebutane kanggo wong sing ditinggal mati utawa pisahan karo bojone.
Dudha kawuk : dudha tuwa
Dudha kembang : dudha enom sing durung duwe anak.
Jaka : wong lanang sing wis diwasa lan durung omah-omah (nikah)
Jaka gabuk : wong lanang sing nganti tuwa durung omah-omah.
Jaka tinting : isih bener-bener jaka.
Kaki : wong lanang sing banget tuwane.
Prawan : wong wadon sing diwasa nanging durung omah-omah.
Prawan gendhar : wong wadon nganti tuwa durung omah-omah.
Prawan sunthi : prawan sing isih cilik.
Randha : wong wadon sing ditinggal mati utawa pisahan karo bojone.
Randha kisi : randha sing duwe anak lanang.
Randha enom : randha nanging isish enom.
Randha menter : randha sing panggonane tansah edi peni.
Nini : wong wadong sing banget tuwane.
Nyai : wong wadon sing diajeni banget.
Wulanjar : randha enom sing durung duwe anak.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar