RAMADHAN
ING JAWA LAN BUDAYA KUPATAN
Oleh : Miftakhul Janna
Sapa
sing ora ngerti wulan Ramadhan lan budaya kupatan iki? Rasane mokal banget.
Ramadhan iki wulane kanggo wong Islam, wong Islam sing ana ing Jawa. Ramadhan
ing Jawa dewe ora mung duweni aspek-aspek sing sifate agama, nanging uga ana
sing sifate donyawi. Ramadhan iki wulan “kenikmatan” kanggone para wong Islam
ana ing Jawa. Dhewekke ora mangerteni kepriye “penindasan tahunan” sing
“menghantui” wong Islam bisa dinikmati. Malah, dhewekke terkadang ngragukake
wulan Ramadhan iki kanggo saperangan sing ora ikhlas. Richad T. Antoun,
contone, ngumpamakake manawa pasa saksuwene Ramadhan ora pernah bisa dinikmati.
Kanggone, Ramadhan iku “penderitaan”, lan sing paling sengsara yaiku pemilik-pemilik
toko lan haji-haji pensiunan sing ora duweni pagawean liya (Antoun 1968b: 101). Nanging, gambaran liya Ramadhan kanggone wong
Jawa iki yaiku wulan sing akeh berkah sing tiba ana ing wulan Ruwah (Syakban),
lan kegiatan-kegiatan mlaku normal ana ing wulan syawal. Akeh kegiatan ana ing
wulan Ruwah iki, contone Dugderan
sing tujuane kanggo nyambut wulan Ramadhan. Ana uga ritual padusan saka basa Jawa sing artine “mandi”, lan basa Arab ghusl
sing artine ora mung sekedar “mandi” nanging awujud penyucian sing
diperlokake kanggo ibadah miturut Islam. Dene sawise wulan Ramadhan rampung,
tibane wulan Idul Fitri sing awujud
pungkasaning pasa sasuwene wulan Ramadhan. Wong-wong Islam ing Jawa
padha saling ngunjung omah saka omah sijine. Biasane para keluarga sing gedhe
padha kumpul dadi siji. Saka acara kumpul-kumpul iki ana sawijining jajanan
sing diarani kupat, lan bisa uga diarani acara kupatan. Nagging, kupatan
iki akeh dirayakake seminggu sawise dina Idul Fitri. Bisa diarani kupatan amarga saka ukara kupat. Fakta-fakta sing mbuktikake
jajanan kupat iki ana ing masyarakat Indonesia ora bisa
diilangake, apa maneh ana ing masyarakat Islam Jawa. Kupat iki kaya-kaya wis
dadi kewajiban ana ing sawise dina Idul Fitri utawa bisa wulan Syawal. Kupat
iki uga dadi simbole para umat Islam ing Jawa amarga kupat iki digawe saka
janur. Kena apa kok saka janur? De Graf
nduga hal iki duweni fungsi kanggo identitas budaya pesisiran karana janur iki
asale saka woh kelapa sing sebagian akeh woh iki ana ing dataran rendah.
Saliyane iku, warna kuning ana ing janur iki duweni arti khas kanggo bedakake
saka warna ijo sing saka Timur Tengah lan abang saka Asia Timur. Kupat iki uga
didiskripsikake kanggo jajanan sing berbahan dasar beras sing dibungkus godhong
enom woh kelapa utawa sing biasane diarani janur. Nanging, ora kabeh sing bisa
padha gawe anyaman janur kanggo wadah beras iki. Kupat iki langsung dianggep
kanggo nyambut dina Idul Fitri. Saliyane arti mau, kupat uga menehi arti
penting kanggo proses perayaa. Kanggo bukti, sebagian masyarakat Jawa merangake
Idul Fitri lan lebaran kupatan. Idul fitri tiba 1 Syawal, dene lebaran kupatan tiba seminggu sawise dina Idul
Fitri utawa 7 Syawal. Kupatan iki uga simbol perayaan hari raya Islam ana
ing masa pemerintahan Demak sing dipimpin
Raden Fatah ing awal abad 15.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar