PETHENG NDHEDHET
Oleh: Drs. Budi Wahyudi, M.Hum
Wetengmu wis mbending
Jabang bayi wiih semi
Sliramu durung kapacak dadi manten
Sapa kang njalari wetwngmu mblendung?
Ana priya pira cacahe?
Ana panoman sepira cacahe?
Sliramu dadi tambah ramudeng
Sapa-sapa sing ngrubung nalika bengi
Petheng ndhedhet ora ana surya
Ananing nafsu gelem lan gelem
Kelon gelem kelon kelakon
Pethrng dhedhet ara ana sing marahi
Dadi kacandak jabang bayi iki
Winihe sapa
Jabang bayi
iki winihe sapa?
Petheng dhedhet!
Penak sing kacicip rikala nom
Dadi jabang kang wingi lair
Tidak ada komentar:
Posting Komentar