Senin, 09 Desember 2013

KEMPALAN GURIT




Mangsane turu mesthi kelingan sliramu
Iki uga kekarepanku nalika nduweni rasa
Filosofi sing gawe bebungahing ati
Tandhane wis rampung anggone golekki
Apa kudu aku kang ngudhar kangening rasa iki
Kasunyatan lelakon iki bisa kanggo tekening lakuku
Hardaning nala tan bisa ngampah rasa tresna iki
Ubaling setya iki.....mung mligi kanggo sliramu
Luhuring jati tan nora bakal lali

Janji iki sing dadi pathokan lakuku
Aku kudu eling !
Nadyan akeh prasasat tumeka
Nyata rasa saya ngrembaka...tan kena cinandhet
Aku dadi bisa angrasa sihing Gusti tan ana watese
Hardaning tresna anggone marang sliramu




Pleret… pet !
Panyawange katon peteng ndhedhet
Pangrasane rasa sepi nyenyet
Salira mangsa bodhoa
Meneng…
Anteng…
Hamung sumeleh rasa ing dhadha

Pleret… pet
Lamus-lamus pucuking netra
Dadya lamur sira anyawang
Dene lamuk anjujug ora bisa disadhang

Geneya?
Kabeh padha jenggiratan
Apa krana lamus, lamur, lan lamuk sing padha pasingsetan?
Ya… bisa wae, sabab katara
Krana wayah saya pleret
Sabab sumber daya anjlok ora katulungan




Sampun katata rapi
Jarik kajiret mubeng
Sido mukti laurikke
Pratandha lelorone panggih

Alon endah lumakune
Tumapak ing tlatah abang
Mengkana wus kasambut
Arupa DEWI SINTA

Paes ireng kang nggambari
Ayuning wanguning rai
Kasandhing dening RAMA
Lumampah marang enggaling jagad

Tidak ada komentar:

Posting Komentar