Jumat, 20 Desember 2013

Arane Wong


ARANE WONG
Dudha : sebutane kanggo wong sing ditinggal mati utawa pisahan karo bojone.
Dudha kawuk : dudha tuwa
Dudha kembang : dudha enom sing durung duwe anak.
Jaka : wong lanang sing wis diwasa lan durung omah-omah (nikah)
Jaka gabuk : wong lanang sing nganti tuwa durung omah-omah.
Jaka tinting : isih bener-bener jaka.
Kaki : wong lanang sing banget tuwane.
Prawan : wong wadon sing diwasa nanging durung omah-omah.
Prawan gendhar : wong wadon nganti tuwa durung omah-omah.
Prawan sunthi : prawan sing isih cilik.
Randha : wong wadon sing ditinggal mati utawa pisahan karo bojone.
Randha kisi : randha sing duwe anak lanang.
Randha enom : randha nanging isish enom.
Randha menter : randha sing panggonane tansah edi peni.
Nini : wong wadong sing banget tuwane.
Nyai : wong wadon sing diajeni banget.
Wulanjar : randha enom sing durung duwe anak.


Arane Sega



ARANE SEGA
Sega golong, yaiku sega sing gedhe-gedhe kanggo selametan.
Sega goring, yaiku sega sing dibumboni lan digoreng.
Sega jagung, yaiku jagung dideplok lan didang kaya sega
Sega kebuli, yaiku sega sing dibumboni lan dicampuri daging wedhus otawa pitik.
Sega kuning , yaiku sega sing dimasak diwenenhi kunir.
Sega lulut , yaiku sega campur ketan.
Sega jangan, yaiku sega sing dicampur jangan utawa dudoh.
Sega urapan, yaiku sega sing diurapi nganggo gudhangan.
Sega pulen, yaiku sega sing diademake sarana diler lan ditepasi.
Sega rames, yaiku sega nganggo lawuhan maneka warna.
Sega tumpeng, yaiku sega sing diolah kanthi ditambah santen.

Pratandha Rasa



PRATANDHA RASA
1.      Wong sing cengingas-cengingis  iku pratandha kisinan.
2.      Wong sing cikrak-cikrak  iku pratandha bungah.
3.      Wong sing cethutak-cethutuk  iku pratandha aras-arasen.
4.      Wong sing dhelek-dhelek  iku pratandha  susah, sedih.
5.      Wong sing grenang-greneng iku pratandha  gela, kuciwa.
6.      Wong sing  kilang-kilong iku pratandha bingung.
7.      Wong sing klecam-klecem iku pratandha  seneng.
8.      Wong sing kliyas-kliyus iku pratandha kewirangan.
9.      Wong sing  kliyang-kliyeng iku pratandha sirahe mumet, ngelu.
1.   Wong sing lingak-linguk  iku pratandha lagi nggoleki, ora ngerti

Arane Wulu Awak



ARANE WULU AWAK
1.      ALIS iku                                 : wuluing sandhuwure tlapukan
2.      ATHI-ATHI iku                     : wulu ing pilingan
3.      BRENGOS iku                       : wulu ing sangisoring irung, sakdhuwure lambe
4.      GODHEG iku                         : wulu sing ana pipi
5.      IDEP iku                                 : wulu tlapukan
6.      JENGGOT iku                        : wulu ana ing janggut
7.      WULU KALONG iku             : wulu sing ana awak lembut lan lemes 
8.      WULU PUHUN iku               : wulu ang ing jempol sikil
9.      WULU SIMBAR iku             : wulu ing dhadha
10.  WULU SETAN iku                : wulu sing tukul nyleneh
11.  WULU WAWAR iku             : wulu nyang awak sing katon dawa-dawa    


Prepenah Sedulur



PREPENAH SEDULUR
1.      ANAK MANTU                    yaiku bojone anak
2.      ANAK ANGKAT                  yaiku bocah liya sing diakoni anak kanthi sah
3.      BULIK ( BIBI )                     yaiku adhine bapak utawa ibu
4.      BUDHE ( UWA )                   yaiku mbakyune bapak utawa ibu
5.      BESAN                                   yaiku wong tuwane mantu
6.      IPE                                          yaiku sadulure bojo
7.      KEPONAKAN                      yaiku anake sedulur tuwa utawa enom
8.      MARA TUWA                       yaiku wong tuwane bojo
9.      PAKDHE ( UWA )                yaiku kangmase bapak utawa ibu
1.  PAKLIK ( PAMAN )             yaiku adhine bapak ibu
1.  PUTU                                      yaiku anake anak
1.  PUTU ( KEPONAKAN )      yaiku anake keponakan
1.  PUTU MANTHU                   yaiku bojone putu
1.  PRIPEAN                               yaiku ipene sedulur
1.  SADULUR                             yaiku bocah utawa wong kang tunggal bapak lan ibu
1.  SADULUR MISANAN        yaiku sadulur tunggal mbah
1.  SADULUR MINDHOAN     yaiku sadulur tunggal buyut
1.  SADULUR KUWALON      yaiku tunggal bapak seje ibu utawa kosok balene
1.  SADULUR ASU                   yaiku sadulur tunggal ibu nanging seje bapak