Rabu, 08 Januari 2014

Arane Tetuwuhan



1.Pala gumantung                : kates, gedhang, salak
2.Pala kesimpar                   : krai, waluh, semangka, blewah
        3.Pala kirna utawa kitri       : klapa, siwalan, gori
        4.Pala kependhem               : uwi, pohung, tales, gembili


Araning Anak


1.Kedhini-kedhana              : anak loro wadon lanang

2.Kedhana-kedhini              : anak loro lanang wadon

3.Kembang sepasang           : anak loro wadon kabeh

4.Uger-uger lawang             : anak loro lanang kabeh

5.Ontang-anting                   : anak lanang mung siji 

6.Unting-unting                   : anak wadon mung siji  

7.Pancuran kapit sendhang : anak telu, lanang siji anan ing tengah 

8.Sendhang kapit pancuran : anak telu, wadon ana ing tengah 

9.Cukit dulit                        : anak telu lanang kabeh

10.Anggana                        : anak luwih saka siji, nanging sedulure mati kabeh, mung kari siji  

Kahyangan



1.Bathara Indra kahyangane ing Tinjomaya.

2.Sang Hyang Antaboga kahyangane ana ing Saptapratala.

3.Bathara Baruna kahyangane ana ing Dhasar Samodra.

4.Bathara Yamadipati kahyangane ana ing Argadumilah.

5.Bathara Narada kahyangane ana ing Sidik Pangudal-udal.

6.Bathara Kamajaya kahyangane ana ing Cakrakembang.

7.Bathara Brama kahyangane ana ing Duksinageni.

8.Sang Hyang Wenang kahyangane ana ing Alang-alang Kumitir.

9.Bathara Guru kahyangane ana ing Jonggring Saloka.

10,Bathara Bayu kahyangane ana ing Arga Maruta.