Rabu, 08 Januari 2014

Pratapan



1.  Resi Bisma iku pratapane ana ing Talkandha.
2.  Guru Durna iku pratapane ana ing Sokalima.
3.  Bagawan Palasama iku pratapane ana ing Wukir Ratawu.
4.  Resi Mayangkara utawa Anoman iku pratapane ana ing Kendhalisada.
5.  Bagawan Abiyasa iku pratapane ana ing Saptaarga.
6.  Bagawan Bagaspati iku pratapane ana ing Gebangtinatar utawa Argabelah.
7.  Resi Jembawan iku pratapane ana ing Gandamadana.
8.  Resi Subali iku pratapane ana ing Guwakiskendha.
9.  Resi Karpa utawa Krepa iku pratapane ana ing Timpusara.
10.Bagawan Sidik Wacana pratapane ana ing andong Sumawi.

Jeneng Satriya, kasatriyan, gaman utawa aji-aji ing pewayangan


Wrekudara iku satriya ing Jodhipati, gamane Gada Rujakpolo, Kuku Pancanaka.

Setyaki iku satriya ing Lesanpura, gamane Gada Wesi Kuning.

Jayadrata iku satriya ing Babakeling, gamane Gada Rujakbeling.

Raden arjuna iku satriya ing Madukara, gamane Pasopati, Sarotama, Ardhadhali, Pulanggeni, Kalandhah.

Raden Gathutkaca uki satriya ing Pringgadani, gamane Caping Basunandha.

Selasa, 07 Januari 2014

Jenis-Jenis Layang




1.  Layang Iber-Iber

Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.

Tuladha layang iber –iber :

Kang pandonga marang anakk

                                                                                      Irawan, Ing Jakarta  
                                  
Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.
wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.
                                                                  
Parakan, 22 Nopember 2009
                                                                                                    Bapak

Suradi





2.  Layang Kitir

Layang kitir yaiku layang inggih menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun lumantar pos.

Tuladha layang kitir  :

Katur Mas Bayu, ing dalem
Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.
Dene anggonku mbalekake mengko bengi.
Parakan, 22 Nopember 2009
                                                                                                   Adhim

Sunaryo






3.  Layang Ulem
Layang ulem atawi undhangan inggih menika layang atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan wekdal ingkang sampun katemtokaken.


Tuladha layang Ulem :

Assalamualaikum Wr.Wb
        Kanthi puji syukur dhumateng asmanipun Gusti kang Maha Agung. Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak kula jaler kekalih.

Inggih menika ingkang asma :

1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA


 Insyaallah mbenjang ing :

Dinten   : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul     : 09.00 enjang
Papan    : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.


                                                                                Salam taklim,


                                                                           Sela Darmaji Kekalih   


4.  Layang Lelayu                     

Layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.

Tuladha Layang Lelayu :

Bilih kala wau dalu dinten Jumat, 12 Januwari 2000,tabuh 20.00 WIB, Embah Kakung Juremi ketimbalan ing Allah wonten ing Griya Sakit Umum Lumajang. Layon badhe kasarekaken ing dinten Saptu, 13 Januwari 2000 ing TPU Mranggen. Bidhal saking griya duhkita tabuh 13.00 WIB saking griya Jln. Mawar Raya No. 15 Lumajang. Nuwun